SING NDELOK

Minggu, 10 Februari 2013

Pitutur Gawe Sedulur - Sindiran

Pitutur Gawe Sedulur - Sindiran

Ngawiti Ingsun Nglaras Sindiran
Kelawan poro wong nang nduwuran
Kang Ndalanake Dana anggaran
Ojo sembrono tanpo itungan
Aku memulai lagu sindiran
Untuk merka yg di Atas
Yg menjalankan Dana Anggaran
Jangan Sembarangan tanpa hitungan

Duh poro konco priyo wanito
Ojo mung njabat sare'at bloko
Gur pinter janji ora iso mbkutekno
Tembe mburine rakyat sing soro
Hai temen2 pria dan wanita
Jangan menjabat hanya karena hukum
Hanya pandai berjanji tak ada bukti
akhirnya rakyat yg sengsara

Akeh kang pinter sekabehane
Seneng ngakali marang kuline
Elek'e dewe nggak di keto’ke
Padahal iku akal buluse



Banyak orang pandai dlm segala hal
Senang menipu pada bawahan


Kejelekan sendiri gak kelihatan
padahal itu kal bulusnya

Gampang mbujuk-i janjine goroh
Kangge menangke tuku suworo
Sarto wes lungguh neng kursi rojo
Janji janjine njur ora nyoto.

Ayo sedulur ojo nglalekake
Karo sing ndisik milih suwarane
Ojo nggedekke wetenge dewe
Sing dukung kowe sek panggah kere

Dadi pejabat ora bakal suwe
kadung wes rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine ra di buktekne
bakal di demo di gulingake

Koran lan tv podo ngabarke
pejabat maling akeh contone
Soko seng nduwur sak ngisorane
kruyu'an nyunat jatah rakyate

Koyo wes podo nunggu giliran
sopo sing nyolong bakal konangan
Yen dipercoyo dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat iman

Kuwasane donyo ora hakiki
Ayo di jogo lan disyukuri
Yen panyuwune wes di turuti
Nang wong ngisore jo nganti lali

Urep kang ayem rumongso aman
dudu mergo ono neng nduwuran
Sabar nerimo senajan pas-pasan
nyukuri takdir soko pengeran

Ayo poro konco dulur lan tonggo
Kang durung bener podo ilingo
ojo di gunggung lan di jlomprongno
Siji kang olo kabeh kang soro

Sindiran iki ojo dadi ati
digawe bingung lan ojo wedi
mung ngelengake kang duwe janji
mugo-mugo slamet jo nganti lali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar