Hidup ini ada yang menghidupkan , kelihatan sendiri tapi tidak sendiri
Urip kudu urup, hidup harus menyala memberi manfaat, memberi terang pada yang lain
Urip iku ora ana
kang nguripi. Urip ki urip ijen. Ning urip nguripi sakkabehing urip.
Kabeh ana merga kalenggahan urip. Urip sing ngemong, urip ki sing Maha
Suci, sing miring jagad, sing kagungan. Ora ana manungsa kang duwe.
Hooh, mangkat ra nggawa apa-apa, mengko bali ra nggawa apa-apa. Mula
kowe wus ana kanggo turu, wis isa mangan, wis, kuwi wis matur nuwun.
Mengko kowe bali ra nggawa apa-apa. Ngertia ngger ya! Bektia! Sungkema
karo Kang Maha Suci! Sungkema! Urip iku, Guru Jati, Pepundhen Jati,
Sesembahan Jati kang mangolah marengga ragamu rina wengi, lan nggendong
ragamu ngalor ngidul. Urip iku sing Maha Kuwasa. Urip iku ngebaki jagad.
Sing cedhak urip iku ana telenging rasa jati. Nek digambarake, urip iku
adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. Genggang sak rambut pinara
pitu ngglethak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar