SING NDELOK

Senin, 20 Desember 2010

NATAL?

"Natal  iku opo??", " iku loo riyayane wong kristen ", "Opo sing di pengeti?" Jare lahir Gusti Allah". Gusti Allah???, kok lahir??, piye to??????, maksude opo??"
ahhh, embuh, pokoke mengeti lahire Yesus sing jare gusti allah.
Manut Fatwa MUI, wong muslim ngucapke selamat natal wae HARAM. kepriye sing bener???
Yen dinalar lan dirunut, agama kuwi ndadekake manusa pada ora rukun. Agama misahake manusa manut karo golongane dewe dewe.
Gusti Allah iku siji, bumi lan langit, bulan lan suryo kang dititahake ugo mung siji, kabeh mau dicipta kanggo manusa. Gusti Allah ora mbedaake manusa saka agamane, malah-malah berkah lan pitulungan kaparingake marang saben wong. ora metung rupa, bangsa, agama, tumindake apek apa ala kabeh kaberkahan, lan wenang urip ana ngalam donya iki,
Nanging kita dewe kang gawe pepecahan, kang gawe musuh lan gawe ora tentrem ati kita.
 kabeh pada rumangsa paling becik, paling suci lan paling bener. malah kabeh pad duwe panemu yen sing ora pada karo deweke iku musuh lan pantes kasirnaake, pantes kaaniaya.
Aku bingung.... kudu kepriye???? melu sapa????
Sing mesti kudu melu lan manut miturut marang Gusti Allah. Awit yo mung Panjenengane kang wus nyita kita, nyipta bumi lan saisine. Kabeh kang ana ing urip iki mung kanggo panjenengane, Kaluhuran lan kamulyan uga panjenengane piyambak kang pantes nampeni.
PINUJIO GUSTI ing Salamanya. Amien

Tidak ada komentar:

Posting Komentar